1 Gusti panglipuring tiyang Kang rumaos klepatan Tan pegat panggunggung kula Mulyakaken Paduka Paduka Pamarta mami Karsa rawuh ing donya Angrembat dosaning jalmi Inggih dosa kawula 2 Gusti boten ngeman slira Dados panebusipun Tiyang dosa kados kula Iba sih-piwlasipun Ing redi Golgota Gusti Nglampahi sinedanan Kang supados kula sami Manggiha kraharjan 3 Adhuh Gusti, kula sujud Wonten ngarsa Sampeyan Ingkang sarta ngraosaken Nggen kula kesambutan Cipta kula rinten dalu Mugi sami sageda Animbangi sihe Gusti Winangsulan ing tresna
|
|