1 Daweg ta kanca Kang sami pracaya Den sora-sora angalembana Mring Gusti kula Kang sipat wilasa 2 Piwlase Gusti Maring kula niki Seestu nglangkungi Mila prayogi Pinundi-pundi Lan pinuji puji 3 Sami den manah Gusti ingkang pasrah Sami den manah Kang Putra Allah Nglabuhi pejah Nebusi tyang kathah 4 Kula lan dika Sami nandhang dosa Nging sepintena Klepatan kula Allah ngaksama Margi ingkang Putra 5 Daweg ta sami Temen animbangi Piwlase Gusti Langkung utami Kula wangsuli Trisna trus ing ati 6 Daweg ta sami Temen anglampahi Prentahe Gusti Gusti ajanji Badhe ngrencangi Lantaran Roh Suci 7 Dhuh Gusti kula Kula pasrah samya Kang trus ing driya Mugi mantepa Nggen kula trisna Slami-laminya
|
|