1 Gusti Ratu kula Panutan Kang sinung sagung pangwasa Sarta kang boten ewah-ewah Piwlas lan kasetyanipun Pangajeng-ajenging pra abdi Angsala pangestu Tuwan Sih pitulunging Gusti dados Panglipuring pasamuwan 2 Mugi sih Tuwan angayomi Abdi Tuwan, guru kula Kang enggal saha ingkang lami Sakanthinira sadaya K’irida Roh Tuwan kang suci Nggenira anggen pasam’wan Dadosa ing kamulyan Tuwan Lan rejaning abdi Tuwan
|
|