1 Neng kasa ngumandhang satunggal Asma Kang anepangaken jagad lan swarga Tan wonten prayogi kados punika Lan nyarasken manah trenyuh sadaya Napa dika dereng weruh Sinambat wewangi sinten Asmane? 2 Wus pantes Asmane kagem Pyambake Kang rawuh ing donya Wit gunging sihe Dhateng tiyang dosa Wah malih seda De kagungan karsa ngluwari kula Napa dika dereng weruh Sinambat wewangi sinten Asmane? 3 Samangke Pyambake munggeng suwarga Ingayap para malaekat samya Nging benjing rawuhe, iba begjane Bilih kula ndherek nyebut Asmane Kang wewangi Yesus Kristus Lah niku Asmane Pamarta kula
|
|