1 Uripku pindha pangidung Sumaos mring Pangeran Nadyan neng donya lwih agung Sedih lan kasusahan Nging satengahing pasambat Tansah dennya umanggung Pangidunge pra mlaekat Yogya aku ya ngidung 2 Sirnaa saliring bungah Gustiku dhatan gingsir Nadyan karoban ing susah Padhangku tan sumingkir Atiku asukarena De tan pegat jinangkung Ing sihrahmate Sang Rama Sayogya aku ngidhung 3 Lamun ngelingi Gustiku Sedhihku enggal sirna Dak tut buri ing salaku Wit ginendheng ing sihnya Saiba ayem ing kalbu Yen rineksa Hyang Agung Ngarah apa maneh aku Sayogya aku ngidung
|
|