1 Dhateng pundi Gusti kula Klangenaning tyas mami Dhateng pundi ta purugnya Pundi nggen kula nglari ? 2 Wit sing kathah cidra kula Mila ngantos koncatan Gusti kang madhangi manah Myang tuking kabingahan 3 Sakelangkung susah kula De tinilar Pamarta Tyas kula tan saged lilih Lamun dereng pinanggya 4 Sanget nggen kula kerantan Yen emut bingah kula Kala taksih pitepangan Klayan Tuwan ing sukma 5 Gusti Yesus sakelangkung Kangen kula mring Tuwan Sampun Tuwan tegakaken Mugi wangsul maring wang 6 Mugi karsa angaksama Ing klepatan kawula Tyas kula mugi dadosa Wisma Tuwan slaminya 7 Adhuh Gusti tuking lipur Mugi wangsul mring kula Kula badhe ngestokaken Prentah Tuwan sadaya 8 Kula boten purun malih Akarya sekel Tuwan De puruging tresna mami Namung dhateng Sampeyan
|
|