1 Wonten satunggal panggenan Sayogya dados klangenan Mring tyang dosa kang mratobat Yeku dhamparing sih rahmat Nggih dhamparing sih rahmat kang Nengsemken tyas kula Ngriku nggen kula ‘ntuk gesang Sinungan waluya 2 Ngriku Gusti dennya ngarih Manah kula yen asedhih Salir prihatin binirat Aneng dhamparing sihrahmat 3 Ngriku manah kula dennya Sinung unggul yen ginoda Tyang apes sinungan kuwat Aneng dhamparing sih rahmat 4 Ngriku tyas kula ingangkat Saking repot myang kesrakat Temah enteng tyas kang awrat Aneng dhamparing sih rahmat 5 Yen wonten sedhengah betah Utawi ribeding manah Dyan plajeng kula akebat Dhateng dhamparing sih rahmat
|
|