1 Tyas kita dimen slamanya Bungah asukarena Dene Sang Rama ning swarga Nganggep putra mring kita Mara tansah abebungah Saben dina antuk trang Dalaning urip endah apadhang Mara tansah den girang 2 Hyang Agung kang njangkung kita Rineksa ing panggoda Sih rahmatnya kang anglipur Paring kuwat santosa 3 Lamun kita nyingkur Gusti Neng ati peteng uwas Ilang kakuwatan kita Wah kabungahaning tyas 4 Balik wong kang amiturut Tansah padhang dalannya Mula mara manut Gusti Suminggah saking dosa
|
|