1 Dhuh Allah dosa kawula Mugi Tuwan aksama Sagung duraka kawula Mugi Tuwan ruwata Badan amba kang reged Tuwan dusi kang nemen Awit saking sih kadarman Lan gung palimirma Tuwan 2 Dene gunging dosa kula Wonten ngajeng kawula Manah amba ngraosken Awoning lampah amba Kula wajib nampeni Bebendunipun Gusti Wit kawula lair mila Nandang dosa lan duraka 3 Badan amba Tuwan dusi Ngicalken dosa kula Nyaw’amba Tuwan resiki Dados pethak sampurna Manah amba kang sedih Sageda bingah malih Ilata amba angluhurna Asma Tuwan kang wilasa 4 Kurban ingkang katarimah Wonten ngarsa Paduka ‘Nggih rempu-trenyuhing manah Panangis, panalangsa Dosa kula, dhuh Gusti Sestu kula getuni Tuwan gung ing pangaksama Karsa mbirat najis amba
|
|