1 Gusti Yesus Ratu adil Panetep Panatagami Kang mengku sajagad rat Sagung ilat badhe nyebut Wah salir dengkul Asujud mring Gustine pra umat Mring Gustine pra umat 2 Namung dening Kangjeng Gusti Kita saged dados suci Kinumbah klayan rahnya Gesang langgeng wus sinungken Wah tyang dosa rinukunken Lantaran Sang Pamarta 3 Tiyang dosa kang kesrakat Tiyang sakit wah tyang mlarat Bra samya tinimbalan Dene dinten kang umarek Apitados ngarep-arep Mesthi ‘nggih tinulungan 4 Mila sampun ta semados Bok inggih samya pitados Mring Gusti Ratu amba Pinundia trus ing batos De Kang Kwasa karsa dados Juru Pamarta kita 5 Pra abdinya agiyaka Wah pra umat bra sumyaka Bagea Kang Sinuhun Kang rawuh ngagem asmanya Pangeran kang mahamulya Bagea Ratu ulun 6 Kula ugi tumut muji Miwah ngluhuraken Gusti Nadyan asor ing pangkat Gusti Yesus Ratu adil Panetep Panatagami Kang mengku sajagad rat
|
|