1 Gusti Yesus kula badhe Nderek Tuwan slaminya Nderek manggul salib Tuwan Sajeg kula neng donya Kula Tuwan kiyataken Sageda tahan susah Sampun ngantos kemuriten Sampun cuwa ing manah 2 Nadyan kula sinengitan Dening tiyang neng donya Nadyan tinilar ing mitra Gusti tan nilar kula Lamun Tuwan ingkang nganthi Kula ndherek lan bingah Lamun Tuwan kang ngasihi Kula tan ngetang susah 3 Kasusahan lan sangsara Nyaketaken mring Tuwan Sarta ngatag manah kula Angupados kaswargan Kula anandhanga papa Angger sugih suwarga Ngangkah napa malih kula Lamun darbe Pamarta ?
|
|