1 Gusti mugi ningali Nggen kula kesrakatan Kula mlajeng mring pundi Anjawi dhateng Tuwan Dhuh Gusti nyuwun tulung Mugi nglanting kawula Sing karibedan agung Tinuntuna mring swarga 2 Tan wonten pangauban Namung sih rahmat Tuwan Tuwan dados plindungan Mring tyang kang kesusahan Yen kegunturan sedhih Wah kawratan ing dosa Sinten kang nglipur malih Lir Tuwan kang wilasa? 3 Tuwan dados pikekah Miwah beteng kawula Krosannya tiyang lungkrah Wah padhangnya tyang wuta Kula apes anglentrih Tuwan paringi kiyat Kula tyang kawlas asih Namung nyuwun sih rahmat 4 Sih Tuwan klangkung mirah Mugi linuberena Mring amba kang sulayah Tyas kula linejarna Gusti tuking kraharjan Kang kwasa mbirat dosa Mugi ngumbaha mring wang Dimen suci sampurna
|
|