1 Aku rehne sekeng Ngungsi maring Gusti Dene rahe kang suci Mbirat dosa mami Gusti wus nyaur Pundhat utangku Dosaku luwih agung Nging Gusti kang nglebur 2 Namung kwasa Tuwan Dhuh Gusti Pamarta Ingkang saged ngluwari Kula saking dosa 3 Nggen kula nyenyuwun Kang dados landhesan Dede labet kawula Anamung sih Tuwan 4 Yen ndhungkap ngajalku Tansah dakandhemi Gusti Yesus wus nyaur Pundhat utang mami 5 De yen wus sampurna Aku aneng swarga Panebusku dakpuji Langgeng salamanya
|
|