1 Adhuh Gusti kula mireng Kathah tyang ingkang samya Binerkahan dening Tuwan Mugi mberkahi kula Nggih kula, ‘nggih kula Mugi mberkahi kula 2 Mugi sampun anglangkungi Dhateng kula, dhuh Rama Tyang kathah Tuwan welasi Mugi mlasi mring kula ‘Nggih kula, ‘nggih kula Mugi mlasi mring kula 3 Sampun anglangkungi kula Dhuh Pamarta kang setya Tuwan nimbali tyang dosa Mugi nimbali kula ‘Nggih kula, ‘nggih kula Mugi nimbali kula 4 Dhuh Roh Suci, mugi sampun Anglangkungi mring amba Tyang wuta Tuwan padhangi Mugi madhangi kula ‘Nggih kula, ‘nggih kula Mugi madhangi kula 5 Dhuh Pangeran, sampun alangkung Sih Tuwan sumrambaha Tyang sanes Tuwan berkahi Mugi mberkahi kula ‘Nggih kula, ‘nggih kula mugi mberkahi kula
|
|