1 Aku duwe Pamarta Lah saiba begjaku Aku dadi kagungane Wah Gusti ya duwekku Duwekku, duwekku Gusti Yesus Pamartaku Sun dadya kagungannya 2 Saka ing kitab Injil Sun antuk warta tuhu Lamun Gusti Yesus Kristus Dadi Juru slametku 3 Nadyan sun aneng peteng Wah kasusahan kalbu Nging Gustiku dhatan ewah Tansah dadya duwekku 4 Nadyan apes lan sekeng Miwah lungkrah awakku Nanging Gusti ingkang kwasa Dadi andel-andelku 5 Besuk yen tinggal donya Aku seba mring Gusti Dyan slamanya asumungkem Lan nyebut Gusti mami
|
|