1 Uwal sing laknat iba begjaku Gusti wus seda mbirat dosaku Temah luwar sing paukuman Dennya ngluwar babar pisan Babar pisan dennya nulungi Babar pisan dennya ngrampungi Rumaketa ing pamentangan Mesthi luwar babar pisan 2 Saiki kita padha mardika Gusti wus nanggel ing slamet kita Linuputken sing karusakan Sinucekken babar pisan 3 Putrane Allah sebutan kita Kang tilas satru pinundhut mitra Kang utang pati inguripan Wit tinebus babar pisan
|
|