1 Gusti mugi sampun ngantos Nglangkungi ulun Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun 2 Gusti mugi myarsakaken Pasambat mami Sinten malih ingkang kenging Kula sambati Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun 3 Nggen kula darbe panyuwun Namung sih Tuwan Ingkang kula damel uger Miwah landhesan Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun 4 Tuwan mugi aningali Tyas kula trenyuh Kang sarta Tuwan jampeni Sageda teguh Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun 5 Gusti tuking sagung lipur Mugi nglipura Manah kula kang kawratan Dening cintaka Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun 6 Aneng donya wah neng swarga Kula tan darbya Andel-andel malih, namung Tuwan priyangga Gusti mugi sampun alangkung Tyang sanes antuk sih Tuwan Kula nggih nyuwun
|
|