1 Allah kang dadi pangungsen Sarta pangauban kita Banget nggone ketitik dadi Andel-andel jro krubedan Kang iku kita tan giris 2 Nadyan gunung pada obah Kecegura ing segara Dadia segara gumuruh Angumbulake unthuke Dadia gunung gumeter Dening molak-maliking alun 3 Ana kali-kali akeh Mbungahken kuthane Allah Pepunden daleme kang luhur Allah neng jro kutha iku dadine mesti santosa Tinulung wiwit bangun rina 4 Pra umat pada ruara Kraton-kraton moyag-mayig Pang’ran nggludugake swaranya Bumi dadi sumlengeren Yehuwah njurungi kita Allahe Yakub beteng kita 5 Mara padha amawasa Kaelokane Yehuwah Nggone akarya tetumpesan Peperangan ingenengake Tekan pungkasaning bumi Rata ingobongan ing geni 6 Sira pada amenenga Mikira yen Ingsun Allah Linuhur ing salumah bumi Ya satengahing pra umat Yehuwah njurungi kita Allahe Yakub beteng kita
|
|