1 Gusti nuntun lampah kula Saklangkung nggen kula begja Tenga pundi purug mami Tansah kula dipun kanthi Nggih Gusti kang nganthi mami Astanya pyambak kang nganthi Sun nderek teng pundi-pundi Wit kinanthi dening Gusti 2 Dadosa mlampah yen siyang Yen manah raose padhang Dadosa kesaput ratri Kula dipun kanthi Gusti Nggih Gusti kang nganthi mami Astanya pyambak kang nganthi Sun nderek teng pundi-pundi Wit kinanthi dening Gusti 3 Gusti nuntun, kula pasrah Klayan nrimah ing satitah Tiwas, begja kula pundi Angger dipun kanthi Gusti Nggih Gusti kang nganthi mami Astanya pyambak kang nganthi Sun nderek teng pundi-pundi Wit kinanthi dening Gusti 4 De yen sampun dugi janji Sampun ndhungkap langkah mami Sun tan ajrih tan sumelang De Gusti kang nganthi mring wang Nggih Gusti kang nganthi mami Astanya pyambak kang nganthi Sun nderek teng pundi-pundi Wit kinanthi dening Gusti
|
|