1 Hyang Ma’suci, kang ningali Batining samudaya Mirsa kula jember nistha Risak de gung duraka 2 Cahyeng lintang kredhep endah Tan padhang neng ngarsanya Mangka kula kebak dosa Kados napa rupanya ? 3 Kula ngungsi dhateng pundi Dhuh Allah murbeng nyawa ? Dhateng Tuwan kang wit welas Tan nampik tyang cilaka 4 Putra Tuwan sampun nyandhang Margi dhateng tyang dosa Antuk sowan ngarsa Tuwan Kang maha asih darma 5 Amin, inggih wit gunging sih Neng Golgota sedanya Srana rahnya manah kula Sirna sagung dosanya 6 Suprandenya tyasing abdya Kedah supe lan gingsir Sring klepatan ngantos uwas Prihatos miwah tintrim 7 Dhuh Rama gung Tuwan tulung Tatag pitados kula Saking tresna angestokna Karsa Tuwan kang mulya
|
|