1 Daweg sami muji Allah Pangeran mahawlas Kang tansah paring kadarman Pangeran mahawlas Rinten dalu dhatan kendhat Dennya anjangkung kang umat Mila daweg muji Allah Pangeran Mahawlas 2 Tan malesken dosa kula Pangeran Mahawlas Nging sarju paring apura Pangeran Mahawlas Ngantos kang Putra kekasih Sinrahken seda sinalib Mila dhaweg muji Allah Pangeran Mahawlas 3 Dhaweg den wangsuli tresna Pangeran Mahawlas De agung sihe mring kula Pangeran Mahawlas Dhaweg den ngarah utami Tinulungan ing Roh Suci Dhaweg muji : Alleluyah Pangeran Mahawlas
|
|