1 Kula tyang dosa klangkung ageng Rinentahan palimirma Punika ngeram-eramaken Kawula sewu tan nyana Mangkin tan wonten paniksa Mangkin tan wonten paniksa Ming rumentahing sih mirma Ming rumentahing sih mirma 2 Allah ngasihi dhateng kula Dosa kula ingaksama Tan wonten mulading bendhunya Wit kula ingangkat putra Kula punika sinten ta ? Kula punika sinten ta ? De rinentahan sih mirma De rinentahan sih mirma 3 Sayogya kula gunggung-gunggung Palimirmanipun Allah Kang nglepataken saking ukum Wah nucekaken ing manah Panggunggung kula tan liya Panggunggung kula tan liya Ming bab rentahing sih mirma Ming bab rentahing sih mirma 4 Dhuh Gusti, kang kula ‘ndelaken Ming palimirma Sampeyan Niku kang kula landhesaken Samasa sowan mring Tuwan Pegata nyawa kawula Pegata nyawa kawula ‘Nggih taksih ngunggung sih mirma ‘Nggih taksih ngunggung sih mirma
|
|