1 Sih Tuwan dhuh Allah kula Amengku sajagad rat Paring Tuwan tumpa-tumpa Siyang dalu amirah Sawarnining titah Tuwan Lineban kasaenan Anandani kasampurnan Ing sih Tuwan tan jajag 2 Sih kang murba ing buwana Sih kang nitahken jalma Manci umuring pra amba Klayan sapatitisnya Sih kang ngreh salampah kula Tinakdir sapinanggih Klayan mirma kang pinuja Kraharjan kang sinuprih 3 Sih mirma kang maringaken Putra Tuwan pribadya Sih mirma kang nyawisaken Panebusing tyang dosa Margi kang Putra punika Sih wlas Tuwan tumama Lan akarya basukinya Tyang kumandel sadaya 4 Rama kula binangkitna Ngraosaken sih Tuwan Klayan madhep salaminya Neng peteng wah neng padhang Narimaha kang ginandhang Matemah tansah muja Klayan trisna trus ing manah Sih wlas Tuwan kang setya
|
|