1 Adhuh Allah Rama kula Kang munggeng swarga adi Sowan kula akaliyan Sadherek kula sami Kadreng pikajeng kula Mulyakaken mring Rama Nyaosi pamuji tuwin Panggunggung kang trus ing batin 2 Wit kathahing sih peparing Sarta kawlasan Rama Ingkang tansah ambleberi Dhateng kula sadaya Ngantos tanpa etangan Dene sih kamirahan Wah pitulung Tuwan sestu Tan pegat siyang lan dalu 3 Dhuh Rama, kula punika Sinten, dene kok Tuwan Welasi kelangkung-langkung Ngatahaken kadarman Sedheng kula tyang dosa Kathah klepatan kula Boten pisan yen nimbangi Sihing Rama kang Ma’suci? 4 Tan liya mung palimirma Tuwan ingkang tetela Dening Gusti kula Yesus Putra Tuwan priyangga Mila den gunggung-gunggung Palimirma kelangkung Nglepataken saking siksa Temahan paring nugraha 5 Punika anama Injil Pawartos kang prayogi Kang kawradin wradinaken Ing salumahing bumi Kula nggih winartosan Kabar kawilujengan Kang cinandhang para umat Dening Pamartaning jagad 6 Dhuh Rama, kula nyaosi Sewu-sewu panuwun Dene marengi ing karsa Paring serep mring ulun Panutan kang sejati Kang ngungkuli pra nabi Lantaran kula raharja Malah ginantungan swarga 7 Mugi mugi jasad kula Sami dipun langgengna Salebeting prajanjining Sih palimirmanipun Mugi kawewahana Ing pitados wah tresna Sageda mantep ing Gusti Lantaran saking Roh Suci
|
|