1 Pinujaa Allah Rama, Kang murbeng jagad Ma’kwasa Kang agung ing wilasa Pinuja asih mirmanya Kamulyan ing sapangrehnya Wradin ingurmatana 2 Pinuji Putrane Allah Tedhak sing dhampar kaswargan Mbekta salamet nyata Seda wit dosaning jalma Lan sung gesang margi seda Wradin ingurmatana! 3 Pinuji-puji Roh Suci Jalma wuta denpadhangi Dumunung aneng praja Linipur winulang nyata Cinawisaken mring swarga Wradin ingurmatana 4 Dhuh Rama, Putra, Roh Suci Tuwan sayogya pinuji Klayan trus ing wardaya Pangeran suci sampurna Pamengku Tuwan kang mulya Wradin ingurmatana!
|
|