1 Puji mring Allah, Pangeran Kang maha wisesa Mara jiwaku abareng Lan bala ing swarga Muji rame, Unekna gong lan bendhe Drapon wong nglumpuk nglembana 2 Puji mring Allah Kang mulya lan adil pangrehe Anjangkung sira Lir manuk beri mring anake Kang maringi sing nyata munpangati Puji Gusti salawase 3 Puji mring Allah Kang nitahken manusa mulya Kang ngreksa Bagas kasarasanmu salaminya Kala susah, Gusti ngluwari tansah Nyirnakken salir rencana 4 Puji mring Allah Kang tan kendhat ngganjar raharja Kang luwih agung Tresnane mring para wong dosa Elinga ta, tulunge Kang Ma’mulya Marang pra wong kang pracaya 5 Puji mring Allah Dhuh jiwaku, puji asmane Pra makluk wrata, Sira padha muji kang rame Allah yeku padhang lan pikekahmu Pujinen langgeng slawase
|
|