1 Neng gunung wah neng ngare Gusti Allah ana Nyanga ngendi paranku Mesthi ana uga Endi kang dadi cipta Lan osiking ati Kabeh mesthi kapirsan Ing Allah Hyang Widi 2 Sang Rama aneng swarga Mengku samubarang Sing sapa kang kumandel Mesti tinulungan Manuk ing awang-awang Allah kang ngingoni Suket lan tethukulan Wrata denpaesi 3 Neng swarga lan neng bumi Wengkone Pangeran Jasad gedhe cilika Allah tan klimengan Saliring tumitahnya Sajagad warata Tansah anelakake Piwlas lan kwasanya 4 Dhuh nyawaku den ayem Tansah kumandela Nang kanan lan kirimu Rama Allah ana Lamun kabotan susah Tiningal ing sanak Dalah yen ndhungkap mati Allah mesti celak
|
|