1 Mugi sih rahmate Jeng Gusti Lan sihe Allah Sang Rama Nunggila ing pra sudara Pinanggiha sami basuki Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih 2 Mugi sami awilujenga Kang lumampah myang kang kantun Rineksaa Hyang Ma’agung Ngantos benjing sami pinanggya Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih 3 Mugi sami pinanjengena Ing umur lan basukinya Sagung ribed tinebihna Pinanggiha sami raharja Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih 4 Dene lamun wus tan pinanggya Aneng donya ngriki malih Benjing samia pinanggih Arahayu dumugeng swarga Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih 5 Lamun sampun dumugeng janji Ndhungkap waktu tilar donya Nggih wilujenga lakunya Pinanggiha sami basuki Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih Wilujeng mlampah, Wilujeng mlampah Benjing nggih pinanggiha malih
|
|