1 Sareng gumantining warsa Kula sami ndedonga Dhuh Rama kang munggeng swarga Mugi-mugi langgenga Sih kanugrahaning Rama Dhateng kula sadaya Pinaringana wilujeng Raga kaliyan sukma 2 Kula sami masrahaken Badan kula mring Rama Ingkang boten ewah-ewah Ing salami-laminya Sinungan kang sarwa s’keca Manggiha kasusahan Kula mesthi sami tansah Sumendhe ing Sampeyan 3 Mugi Rama nglulusaken Anggen kula pracaya Sarta malih patobating Para kanca sadaya Angsala idine Gusti Amargi sih-sinihan Wah rukunira dadosa Rejaning pasamuwan
|
|