1 Gentosing wulan lan warsi Damel getun kula yekti Dene lampahe kok rikat Namung sanetra prasasat 2 Mekaten dadose sirna Kamulyaning alam donya Mekaten badhene ical Samukawis kang ketingal 3 Kejawi mung Gusti Allah Ingkang boten ewah-ewah Pangeran kang Mahaagung Yeku piyambak kang langgeng 4 Prayogi denalembana Ngantos salami laminya Allah kang tanpa wiwitan Utawi tanpa wekasan 5 Dene kalepatan kula Slamining taun punika Dhuh Rama, sampun ngemuti Mugi Rama ngapunteni 6 Sampeyan karsa ngaksama Lantaran saking kang Putra Kula pikantuk pawartos Rahayu kula pitados 7 Kawula darbe panyuwun Ingkang mugi mindhak taun Mindhaka padhang ing manah Miwah utamining lampah 8 Sanajan enggal gumantya Dinten lan wulan myang warsa Yen kanggenan gesang langgeng Kula sestune wilujeng
|
|