1 Daweg sami minggah sudara Melbet ing greja punika Sami sujud mring kang Makwasa Anggunggung kadarmanipun Dene greja enggal punika Saestu dados pratandha Yen Gusti tansah anjangkungi Sarta ngayomi pasam’wan 2 Dhuh Gusti, kula nucekaken Gareja enggal punika Kang sarta kula suwunaken Pangreksa Tuwan kang kwasa Kang mugi marengi ing karsa Anganggep greja punika Kados kagungan Tuwan pyambak ‘Nggih padaleman Tuwan 3 Lamun pasam’wan Tuwan sujud Wonten ing greja punika Ndedonga lan nyaosi sukur Mugi-mugi katrimaha Ing saben-saben Injil Tuwan Ginelaraken ing ngriki Kang mugi-mugi kairinga Ing Roh Tuwan kang Ma’suci
|
|