1 Mendah nea rahayu tyang gegriya Klayan tansah rumaket mring Gusti Kanggep mitra myang tuking basukinya Sarwi bingah prenthahnya pinundhi Seka kapti anilingken sabdanya Angabekti Allah klayan eklas Rinten dalu angluhurken asmanya Myang sumuyud kalayan trusing tyas 2 Mendah nea rahayu tyang semahan Klayan nunggil tresnanya mring Gusti Runtang-runtung denira sih-sinihan Klayan saekapraya lan budi Sadinten-dinten sami ngajeng-ajeng Mring idi Tuwan sarwi memuji Ing satitah nrimah klayan pitajeng Saha tresna dumugi ing janji 3 Mendah nea rahayu para lare Ingkang sampun awit lair mila Sinaosken mring Gusti Pamartane Inggih dening bapa biyungira Kang sarta tansah dipun dongakaken Wah pinerdi umarek mring Gusti Wit alit mila ing sasaged-saged Ugi tumut ndedonga lan muji 4 Rahayu tyang lamun dennya bebungah Klayan emut wah sukur ing Gusti Lamun sakit utawi nandhang susah Nggih namung Tuwan kang den plajengi Rahayu tyang lamun atilar donya Aneng patunggilane Pamarta Jasade ginentosan badan mulya Neng daleme Sang Rama ing swarga
|
|