1 Tetangsul ing dhaup suci Suh awet saha manis Nunggilken manah kekalih Temah sae kakapti Sami rukun atut runtut Wah trisnanira salutut Sami mukti saestu 2 Dhuh Allah, purbaning tresna Atur panyuwun kula Mugi parenga ing karsa Tuwan maringi idi Sarta malih anjangkungi Sadherek kula punika Panganten jaler estri 3 Mugi nggennya sesemahan Kalulusna ing Tuwan Ginanjara berkat slamet Nggih berkating katrisnan Engthenga bot repotira Tebihna bencananira Tiyang gesang neng donya 4 Mugi Tuwan cakepana Ing sabetahing griya Sinungana umur panjang Wah bagas kasarasan Dhaupnya dadosa, temah Anggenipun momong anak Kalayan kraharjan 5 Mugi agunga sih Tuwan Dhateng panganten kula Sami dados sesemahan Rengganing pasamuwan Nunggila ing pangabekti Saha pandonga mring Gusti Kaserepan tyang alim
|
|