1 Kula nika tiyang dosa Lan sami tinimbalan Dening Gusti kang Ma’ Suci Kinen sami tunggalan 2 Kang nimbali wus nyawisi Bujana ingkang suci Ingkang suka manah rena Mila gung kula puji 3 Tiyang dosa lan duraka Kang sami tinedhahan Angger tampi wlase Gusti Sam’yangsal kanugrahan 4 Gusti mulya kang wilasa Kang nrimah tiyang dosa Manah kula sinucekna Lan angsala santosa 5 Manah kula samya nlangsa Sedhih langkung kepatos Yen sampuna antuk mirma Saestu mutawatos 6 Nging pinuja salaminya Tuwan kang Ma’ Wilasa Pangluwaran myang kraharjan Welas Tuwan kang yasa 7 Wit kawlasan srira Tuwan Sampun Tuwan srahaken Kasangsaran dharah Tuwan Tiyang kang ngwutahaken 8 Tuwan seda krana kula Kula temah kluwaran Saking pejah lan pangesah Wah sagung panasaran 9 Allah nrima dhateng kula Punika panjerira Anggur roti kang denbukti Minangka kang sarira 10 Kula sami anampeni Sih Tuwan kang sampurna Kang katandhan ing rah Tuwan Allanggeng kaluhurna
|
|