1 Dhuh Allah kang Ma’ Wilasa Sampeyan aparing sih Kula kasandhangan dosa Nging Sampeyan kang ngaksama Tansah amaringi sih Piwlas kang Mahaluwih 2 Bujana suci kang nggugah Rumaose pra kanca Iba kawlasane Allah Mring kula wah tiyang kathah Duk masrahken kang Putra Amrih kraharjan kula 3 Roti kang cinuwil-cuwil Sarta sami dentedha Yeku salirane Gusti Semana pinaringaken Maedahi pra s’khabat Miwah tiyang sajagad 4 Tuwung kang sami denombe Yeku darahe Gusti Rahing prajanjian anyar Semana winutahaken Dados lantaranira Pangapuntening dosa 5 Gusti ingkang maringaken Sliranipun priyangga Sestu dipun tombokaken Nggenipun angentasaken Para umat sadaya Ingkang sami pracaya 6 Kula sami anampeni Palimirma Sampeyan Boten wonten kang nyameni Dhahar dalu kang nekseni Palimirma Sampeyan Sestu tanpa wangenan 7 Dosa kula langkung kathah Kula sami ngakeni Sampuna Gusti apasrah Ngantos dumugi ing seda Kula pados mring pundi Icaling dosa mami 8 Mila kula mradinaken Menggah seda Sampeyan Ingkang ngrahayonaken Saha ingkang nglepataken Kula sing paukuman Mung sedane Panutan
|
|