1 Iba kasaenaning Gusti Andhawahaken bujana Mring para abdine kasuprih Mantepipun ing pracaya Punapa malih rukunira De sampun pitungkas Tuwan Dhateng para sakhabatipun Sami kinen sih-sinihan 2 Mila kula gadhah panyuwun Kang mugi-mugi wontena Sih jumurunging Gusti piyambak Nggen kula sami bujana Supados estu andadosna Tetepipun ing pracaya Saha indhaking tresna kula Mring para sadherek samya 3 Dhuh Gusti, anggen kula niti Priksa kawontenanipun Ing manah sageda pinanggih Kang dados klepatan kula Saha denakeni tumunten Sampun kula pitambuhi Aluwung nyuwuna apunten Kang sarta tobat ing Gusti 4 Punapa kula ngenget-enget Dhateng pisakit Sampeyan Mangka boten purun nelangsa Rumaos ing kalepatan? Punapa boten dosa kula Kang denrembat dening Gusti? Yogya kemawon sawarnining Piawon kula singgahi
|
|