1 Kula pitados ing Allah Sang Rama kang Ma’ kwasa Ingkang nitahaken langit Lan bumi saisinya Kula pitados ing Gusti Yesus Kristus kang Putra Ontang-anting lan kekasih Gusti Pamarta kula 2 Kang sampun kabobotaken Sing kwasane Roh Suci Miyos saking Prawan Maryam Nahanaken pisakit Kala Pontius Pilatus Ingkang jum’neng bupatya Sinalib nglampahi seda Tumedhak ing antaka 3 Tigang dintenipun wungu Sing antaka, dyan minggah Dhateng swarga apinarak Neng tengenipun Allah Sang Rama kang Mahakwasa King ngriku badhe rawuh Angadili tiyang ingkang Gesang lan ingkang pejah 4 Nging pitados ing Roh Suci Wah malih wontenipun Pasam’wan Kristen satunggil Kang suci sarta umum Pitepangane pra suci Pangapuntening dosa Tanginira para mati Kang sarta gesang baka
|
|