1 Gusti kang seda gentose Tiyang dosa kang nista Tiyang ingkang pangraose Gadhah manah kang cela Ngakeni dosanipun Mawi wirang lan getun Temen nyuwun pangapunten Nggih mesthi Tuwan apunten 2 Kula sami ngaken dosa Wonten ngayunan Tuwan Tuwan adamel santosa Tyas kula kang kwirangan Drapon mantep ngandela Janji Tuwan kang setya Myang kasucekna ing driya Asma Tuwan pinujia 3 Gusti asih lan prawira Juru pangen kang setya Kang sampun masrahken srira Seda krana pra menda Kula sami lumebet Pamong Tuwan kang pened Kula menda pepanggihan Kang cinandhang ing kamulyan 4 Mangke kula ingecapan Manjing kagungan Tuwan Alepat ukum myang laknat De nunggil seda Tuwan Mangke kula tyang dosa Kasiraman ing toya Pasemone ing patobat Tuwan nyampurnakken tobat 5 Tuwan mugi aniteni Manah kula tumennya Inggih karsa angideni Kadrenging kajat kula Nyuwun baptis samangkya Drapon tansah ngestokna Karsa Tuwan kang pinuji Margi dening Roh kang Suci
|
|