1 Gusti mami kula sami Nyaosken lare alit Mugi Gusti anjurungi Nggen kula ndongakaken 2 Larenipun mugi dipun Ganjara umur panjang Sarta bagas kasarasan Rejeki sampun kirang 3 Mugi Gusti mitulungi Saha nglestantunaken Bapa biyung anggenipun Nggulawenthah yogane 4 Wau yoga angenira Dadosa tyang utami Saha malih angsala sih Ing Gusti tuwin tiyang 5 Kula sami anyaosi Panuwun ing Sampeyan Dene yogya nunggil kula Klebet umat Sampeyan 6 Iba begja kula samya Tiyang sepuh anema Yen tansaha lampah kula Sembada lan baptisna
|
|