1 Rahayu kang lakune tan manut Pangangen-angene wong duraka Lan ora ngambah dalane wong dosa Ora wor lungguh ing pajagongane Nging karem nyang pamerdining Allah Rina wengi den gilut ing manah 2 Kaanane wong iku kaya wit, Kang tinandur sapinggiring kali, Kang metokake woh ing kala mangsa; Lan godonge tan nate alum gogrog; Ingambaha rerubed ngrepoti; Tansah lestari kang denlampahi. 3 Tan mengkono mungguh wong duraka, Nanging lir mrambut kabur ing angin; Ora bisa tulus ing pangadilan; Lan ing pasamuwane para mursid; Wong mursid rineksa ing Pangeran Wong ala tumibeng karusakan
|
|