1 Aku duwé pamarta, Yésus Kristus asmanya, kang wus ngurbanken sarira, ngruwat aku sing dosa. Satuhu Gustiku, Yésus Kristus Pamartaku, dakpuji trusing kalbu. 2 Aku duwé Pamarta, satuhu ing kasetyan. Yèn aku nyangga panandhang, pinaringan karosan. 3 Aku duwé Pamarta, putrèng Allah pribadya. Yèn aku karoban susah, tinunggil mrih tan lesah. 4 Aku duwé Pamarta, nyata murwat pangrèhnya. Lamun pepeteng nglimputi, Gustiku kang ngluwari 5 Aku duwé Pamarta, sih-rahmaté tan kendhat. Yèn aku tumibèng dosa, dèntuntun mring pitobat.
|
|