1 Sumangga mareka ngarsane Gusti kita, anggunggung asmanya. Wit sihe kang sanyata maringken Kang Putra, yeku marginira birat dosa kita, wah gesang sembada. 2 Sagunging pamuji konjuk ngarsaning Gusti, kang tansah mberkahi wrata titah sabumi. Allah ingkang murba pratala-akasa paring kaendahan miwah kautaman. 3 Yehuwah Makwasa maringi kabingahan, lan tentrem raharja dugeng jaman klanggengan. samnya tansah panggah mituhu mring Allah, minangka panuwun, wit gung berkahipun.
|
|