1 Salir wong pracaya ywa urip sembrana sih rahmate Gusti samya den tampeni Nadyan lelahanan, nging sih kanugrahan; yeku kurban sejati, Sang Kristus Gusti. 2 Kaslametanira bisa ilang sirna, yèn sira sembrana nglirwakken sabdanya. Mula dèn tumemen klayan geter, wedi, nggonira manut Gusti, putrèng Hyang Widi. 3 Wong pracaya samya di tansah waspada. Dosa wah panggodha énggal dènkalahna. Tampanana sih-rahmat srana pitobat; antuka tentrem-mulya nèng Gustinira.
|
|