1 Puji konjuk Allah Kang Mahamirah; ing rinten dalah ratri tansah ngganjar berkah; tyang mursid dalah mursal tan badhe ketriwal 2 Puji lan panuwun mring Hyang Maagung; ngganjar berkah mirunggan mring tyang kang pracaya; yéku kawilujengan lan tentrem-raharja. 3 Puji sarta sokur mring Kang Maluhur; dé ngganjar berkah adi mring tyang kang ngabekti, winuwuhan sih-rahmat pangrimat tan kendhat.
|
|