1 Osiking manah kawula tan kenging kaendhakna, kadereng asung pamuji wit sih tresna Paduka. Gusti tedhak saking swarga dhateng jagad kang nistha, ngrembat dosaning prajalmi nguwalken saking pati. 2 Gusti, Paduka siniya cinampahan tan taha, wit mundhi dhawuhing Rama mitulungi manungsa; ngunjuk tuwunging sangsara wah séda ing Golgota. "Wus rampung", panguwuhira sarta masrahken nyawa. 3 Sih Paduka dhateng kula sanget kawula pundhi. Salib Paduka ndadosna bingah kula lestari. Saiba begja kawula darbé Juru-basuki; kalangkung panuwun kula wah asmanya pinuji
|
|