1 Mara wong dosa, wong cilaka, mareka mring Gusti Pamarta; temah binirat dosanira, krana gunging sihnya. Saiba karaharjanira, yèn sira wus manjing pracaya, sinung begja ing gesangira, uwal sing antaka. 2 Bocah uga ya dènkasihi; mula sowana ngarsèng Gusti, mrih dadya putra prasetyannya, krana gunging sihnya. 3 Aja semaya, gya mareka, wit tan ngerti praptaning pati. Gusti ngantya mring tobatira, krana sih-rahmatnya.
|
|