1 Lamun kula kasayahan, kamomotan, kemengan; kula marek dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. Kula marek, dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. Nyuwun ayem, dhuh Pamarta, nyuwun ayem Paduka. 2 Gusti sarèh ing panggalih, mugi mulang mring kula, sinagedna tansah setya, manut pangrèh Paduka. 3 Mugi ngirid lampah kula, dhuh Pamarta kang setya, tinuntuna maring swarga, manggih tentrem-raharja.
|
|