1 Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan. Pra kang sabar myang pracaya, tamtu antuk pitulungan Paukuman katampia lir penget lan pitedah dimen tangguh ing pangantya, tan koncatan sih Paduka. 2 Gusti tuking pitulungan, panglipur, lan pangayoman. Sagung pitedah Paduka tan badhé kawula lawan. Sihing Gusti lir samodra lubèr ngerobi kula. Wah nyata sabda Paduka mratélakken palimirma. 3 Kawula nyuwun, dhuh Gusti, lamun manggih kasisahan, panggodha, miwah panyobi, kawula sageda tahan. Tan kuwatos, tan sumelang, sih Paduka cumadhang, temah unggul kula yektos, karana saking pitados.
|
|