1 Iba begjaku lamun yakin Yésus duwèkku ing salamanya; aku tebusan kagungané, anyar uripku krana rahé. Aku memuji klayan rena, nggunggung asmané salamanya. Aku memuji klayan rena, nggunggung asmané salamanya. 2 Lamun pasrahku trusing kalbu, temah sampurna kabungahanku. Pra malaékat asung puji, samya ngundhangken sihing Gusti. 3 Dakaturaké jiwa-raga marang Gustiku, atiku lega, klayan anganthi sarawuhé, matemah antuk sih-rahmaté.
|
|