1 Gusti kula ingkang wonten ing swarga, pinujia Paduka ing slaminya. Sestu agung sih palimirmanta. Haléluya! Haléluya! 2 Gusti rawuh tumedhak anèng donya, awit welas nebus gunging tyang dosa, rinukunken lan Allah Sang Rama. Haléluya! Haléluya! 3 Gusti séda krana kula tyang dosa, dé wunguné panjer gesang sanyata, mila kula mituhu dhawuhnya. Haléluya! Haléluya!
|
|